Minggu, 28 April 2013

Ulangan Tengah Semester Bahasa Jawa SMP




Nama                : ……………………

Kelas                : IX..

ULANGAN TENGAH SEMESTER GANJIL
TAHUN PELAJARAN 2012 / 2013

Mata Pelajaran            : Bahasa Jawa
Kelas                           : IX
Hari, Tanggal              :

 

I.    Pilihen wangsulan kang bener saka pratelan a, b, c lan d!

1.      Pesawat  Merpati MA-60 nemahi kacilakan ing Sunglon Kaimana, Nabire Papua Barat, Setu (7/5). Penumpange cacah 27 kalebu pilot dinyatakake tiwas.
Menawa kowe dadi wartawan, sing kotuju wawancara kang kapisan yaiku…
a.       Penumpange pesawat
b.      Pilot pesawate
c.       Petugas bandara
d.      Saksi mata
2.      Ahli geologi Richard Davies mertinjo semburan lendhut Lapindo ing Porong Sidoarjo. Yen ketemu Richard Davies nalika mertinjo mau, kang bakal kotakoake yaiku…
a.       Alamat omahe Richard Davies
b.      Apa gaweane ing Inggris
c.       Kepriye carane ngendheg semburan
d.      Kepriye nasibe kurban Lapindo
3.      Dina Minggu Noni sakancane  wis tekan swalayan
Noni       : “Wah, sepatu iki apik tenen, aku kudu tuku iki.”
Wati        : “Ya, pancen apik tenen, regane ya larang, apa kowe duwe dhuwit?”
Noni        : “Tenang bae, aku mesthi bisa tuku. Iki dhuwit kanggo mbayar sekolah dakgawe tuku sepatu bae. Nanging aja padha ngomong simbokku, ya. Mengko aku arep ngaku yen dhuwite ilang.”
Firda      : “ Ya, sing dituku sing samadya bae, aja sing larang melas simbokmu.”
Noni        : “ Aku ra urusan. Aku kudu tuku sing paling apik lan larang. Olehe mbayar sekolah suk emben wae.
Kepiye watake Noni?
a.       Sregep nanging boros
b.      Seneng ngapusi, cethil
c.       Ora bekti wong tuwa, seneng ngapusi
d.      Ora bekti wong tuwa, ora disenengi kanca-kancane
4.      Ana ing ngendi setting sandiwara iku?
a.       Omahe Noni          c. Toko sepatu
b.      Omahe Firda         d. Swalayan
5.      “Ya, sing dituku sing samadya bae, aja sing larang, melas Simbokmu.”
Apa tegese samadya ing ukara iku?

a.       Modhel kuna
b.       paling murah
c.       Regane lumrah/ biasa
d.       modhel ndesa
6.      Ing ngisor iki kang ora klebu paraga ing crita Ramayana yaiku…
a.       Raden Wibisana   
b.      Rahwana
c.       Puntadewa                       
d.       Laksmana
7.      Rayine Prabu Dasamuka kang ora sarujuk marang tumindake ndhusta Dewi Sinta yaiku…
a.       Raden Wibisana   
b.       Rahwana
c.       Kumbakarna                     
d.       Laksmana
8.      Sapa wae kang mbelani pasukane Prabu Rama nalika perang mungsuh Alengka?
a.       Anoman, Anggada, Rahwana
b.      Laksmana, Gunawan Wibisana, para wanara
c.       Kumbakarna, Gunawan Wibisana, Dasamuka
d.      Laksmana, Kumbakarna, Sarpakenaka
9.      Ana maling konangan warga, banjur mlayu. Eh, anggone mlayu malah tumuju ing pos polisi. Kahanan iku kaya saloka…
a.       Gajah ngidak rapah          
b.       Bathok bolu isi madu
c.       Emprit abuntut bedhug
d.       Ula marani gebug
10.   “Panjenengan badhe tindak pundi, Mbak?”
Wangsulan kang trep yaiku…
a.       Kula badhe tindak dhateng dalemipun Simbah, Bu
b.      Kula badhe sowan simbah, Bu
c.       Teng Simbah!
d.      Sowan simbah!

II.                Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki!
11.  Paraga ing sandiwara kang duweni watak apik diarani paraga….
12.  Paraga Kleting Kuning ing sandiwara Andhe-andhe Lumut duweni watak…
13.  Ing crita Ramayana, ana lakon Rama Wiwaha. Wiwaha padha tegese….
14.  Puisi Jawa Anyar iku uga sinebut….
15.  Mugi boten nemahi pralaya. Pralaya padha tegese karo tembung…
16.  Bapak gerah banjur ora sida tindak ing daleme Simbah. Ukara iku migunakake basa…
17.  Prabu Boko, Bandung Bandawasa iku paraga ing crita rakyat kang irah-irahane…
18.  Putrine Prabu Boko asmane…
19.  Tetembungan kang duweni teges pepindhan/perumpamaan, sing dumpamakake kewan, diarani…
20.  Garwane prabu Rama aran Dewi Sinta. Tembung Sinta yen ditulis Jawa migunakake sandhangan…



III.             Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!
1.      Gawea  pratelan/ kutipan sandiwara babagan konflik kang isine paraga A ngarani B kang nyolong dhuwite ing tas nalika ditinggal ing kelas. Amarga ora rumangsa nyolong, B dadi nesu banget.
2.      Tulisen isi salah sijine crita rakyat kang kok ngerteni!
3.      Apa tegese bebasan/ saloka ing ngisor iki!
a.    Kebo nusu gudel
b.   Nututi layangan pedhot
4.                           Owahana dadi basa krama alus!
a.       Bener ngendikane ibu. Kowe kudu sregep anggone sinau
b.      Apa sebabe kok kowe telat anggone mangkat?
5.                           Tulisen latin!
?r[fnSublipin=gihbqrnrfai=mf-ni=m/g.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar