Minggu, 07 April 2013

sesorah/ pidato bahasa Jawa



Assalamualaikum Wr.Wb
Dewan Juri ingkang satuhu kinurmatan, bapak/ ibu Guru ingkang minulya, sarta para kanca ingkang tansah kula tresnani.
Raos syukur sumangga tansah kita aturaken wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Asih, ingkang sampun paring kasarasan, kawilujengan saha kabagyan dhumateng kita sedaya, saengga kita saged sesarengan makempal wonten papan menika kanthi rahayu nir ing sambekala.
Para rawuh sedaya ingkang dhahat kinurmatan,
Sampun kawuningan bilih teknologi komunikasi ingkang tanpa winates ing wekdal menika, ndadosaken jagadipun pamulangan sansaya wiyar anggenipun ngumbara pados bahan ajar, wiwit saking radhiyo, televisi dumugi internet sampun nyawisaken samubarang piwulangan. Kahanan ing jaman kang sansaya majeng kados mekaten saged nuwuhaken ewah-ewahaning tumindak, ingkang sae menapa dene tumindak awon. Ewah-ewahan menika amargi saking ewahing globalisasi. Era globalisasi nuwuhaken ewahing samubarang aspek, inggih menika aspek pendidikan, ekonomi, sosial saha iptek. Emanipun, aspek moral utawi tata krami dalah sopan santun para remaja mliginipun, sansaya mrihatinaken, amargi mlebetipun budaya manca ingkang boten dipun pilah-pilah rumiyin, kadosta freesex, narkoba lan tumindak nistha sanesipun. Media massa lan media elektronik  ingkang asring nggiyaraken pawarta kriminal utawi tumindak durjana sanesipun, saged ugi njalari lare nggadhahi pamanggih bilih tumindak menika boten lepat. Semanten ugi lare-lare alit, sampun kepilut maneka warni dolanan ingkang modheren, kadosta play stasion utawi game, nglirwakaken dolanan tradhisional ingkang sejatosipun kinandhut piwulang luhur kang boten kaemot wonten ing salebetipun dolanan modheren.
Para rawuh ingkang minulya,
Kados boten trep menawi para remaja kala wau namung dipun lepataken kemawon. Amrih saenipun, tiyang sepuh, dwija saha kulawarga sageda dados panutan utawi tuladha satemah para remaja kala wau boten pados panutan ingkang lepat. Kejawi menika, kedah pados kanca ingkang saged sesarengan ngudi mergi ingkang leres. Kados bebasan ‘sandhing kebo gupak’ sinten ingkang caket tiyang awon, bakal ndherek awon. Sesrawungan ingkang sae menika ateges sesrawungan ingkang boten anilar tata krama  tuwin tata susila. Ananging ing alam sapunika sampun langka ingkang sami purun nyinaoni, jalaran panganggepipun tetiyang modheren sampun boten njamani malih. Wiwit alit sampun dipunsinaoni basa manca. Kahanan kados mekaten ndadosaken lare sansaya tebih saking kaluhuring budaya Jawi, satemah  gampil anilar tata krama lan tata susila kala wau.
Mugia, kanthi panyengkuyung sedayanipun, inggih menika kulawarga, para dwija, kalebet ingkang hamengku nagari saha para remaja piyambak ingkang sansaya lantip anggenipun milah saha milih pundi budaya manca ingkang jumbuh kaliyan budayanipun piyambak, njalari para remaja sageda dados tiyang ingkang mumpangati tumrap kulawarga, agami saha nagarinipun.
Para rawuh, namung menika  ingkang saged kula aturaken. Menawi kathah atur saha solah bawa ingkang boten mranani panggalih panjenengan sedaya, kula nyuwun agunging pangaksami.
Wassalamualaikum Wr. Wb


 







Tidak ada komentar:

Posting Komentar