Rabu, 10 April 2013

Babad Wanawarta



Babad Wanawarta
Tepiningalas Wisamarta, tata gelar awujud wana nanging sajatine iku nagara gumelar. Endahing karaton kaya dene kayangane Bathara Endra. Yekti awasta Negara Ngamarta lamun sinawang kanthi netra wadhag yekti awujud wana gung gegerotan. Kacarita lampahe sang Harya Sena wus prapteng tepining Wanamarta. Sawusnya nyebat asmane Gusti Kang Maha Agung, nulya Harya Bima amiwiti ambabat wanamarta. Katalika kaya mangkana, datan kadi para jim pri prayangan wanamarta dupi ana sipating manungsa wani angrusak wewangunan sigra krodha, tinindihan jim Suparta lan jim Dandhonwacana.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar