Kamis, 11 April 2013

tuladha pawarta TV


Teks berita/pawarta: Para mahasiswa teknik lingkungan undip menika nglampahi reroncen adicara peniti bumi kanti aksi teatrikal. Aksi teatrikal ingkang dipun lampahaken ngambaraken kahanan bumi ingkang indah samangke sampun risak. Emanipun risakipun ingkang nemahi katindaaken dening pawongan tertentu ingkang mboten peduli lan namung exploitasi ingkang kaladuk kangge kepentingan pribadi. Para mahasiswa menika mahargya dinten bumi kanthi keprihatosan marang bumi ingkang taksih dereng tentrem, kemiskinanlan kemelaratan boten kirang kepara malah sansaya kathah awit saking saben manungsa nguwaosi sumber-sumber ekonomi. Sawetawis menika saperangan ageng umat manungsa kalebet sekeng. ……………cuplikan ……. Sinambi sesorah para mahasiswa menika caos panyaruhe murih saged murikenaken anut eko labsten utawi tindak ramah lingkungan. Saksampunipun sesorah ing wasana para mahasiswa mungkasi aksinipun kanthi mandumaken panflet lan stiker dhumateng pengguna kendaraan ingkang mandhek ing rambu-rambu lalulintas. Sasadi abdilah Cakra Semarang TV

Tidak ada komentar:

Posting Komentar