Selasa, 27 Agustus 2013

Jebul Salah Sambung



Kedadeyan iki wis sawetara wektu dumadi. Nalika iku aku isih makarya ing sekolahan loro, yaiku SMP K ing Wonosobo lan SMP P ing Magelang. Senajan lintas kabupaten, papan panggonane ora patia adoh amarga ana ing perbatasan. Ing sekolah K lan P, aku duwe kanca guru kang asmane padha plek, yaiku Pak Nuryanto. Kekaronene padha-padha guru senior, lan ing wektu semana padha kagungan krenteg ndaftar dadi calon Kepala Sekolah senajan ora kangsenan.
            Sawijining dina, kanca guruku ing SMP K kang asma Pak Budi mundhut pirsa nomer hapene Pak Nuryanto marang aku. Sawise tak buka phonebook hape-ku, nomere Pak Nur banjur tak aturake Pak Budi. Ngendikane ana info saka dinas magayutan karo tes calon kepala sekolah. Aku ora ngerti kepiye anggone ngendikanan ana telpon, nanging banjur  ora bisa ngampet ngguyu  sawise krungu criyose Pak Budi ing dina candhake.
            Ceritane, nalika Pak Budi nelpon Pak Nur, kang nampa garwane amarga Pak Nur nembe tindak. Pacelathon antarane Pak Budi lan Bu Nuryanto saka awal/wiwitan nganti tengah-tengahing telpon isih nyambung, saka arep ketemu Pak Nur nganti babagan daftar calon kepala sekolah. Ananging nalika Pak Budi ngandharake intine yen Pak Nur kudu tindak ing Dinas Wonosobo saperlu tes calon Kepala Sekolah, Bu Nur nembe bingung, kok papane ana Wonosobo. Banjur pitakon, “Lha kok papanipun wonten Dinas Wonosobo, to Pak?’ Pak Budi mangsuli,” Nyumanggakaken nggih, Bu kula nggih boten mangertos..”. Bu Nur dadi rada cubriya, banjur pitakon,”Nuwun sewu, Pak panjenengan sinten nggih?” “Kula Budi, kanca setunggal sekolahipun Pak Nur wonten SMP K.” Mireng wangsulane Pak Budi, Bu Nur kang rumangsa ora tepung karo Pak Budi age-age ngendika, “Wah, nyuwun pangapunten Pak, mbok bilih panjenengan salah sambung, Pak Nur menika boten ngasta wonten SMP K.”Mireng keterangane Bu Nur kaya iku, genti Pak Budi kang nyuwun ngapura karo sajak kewirangan. Sawise critane Pak Budi rampung, gage  tak buka maneh phonebook hapeku, jebul aku yo bingung anggone mbedakakke. Anggonku  njenengi ‘Nur Pak’ lan ‘Pak Nur’. Hehehe  dingapunten Pak Budi…..