Selasa, 09 April 2013

naskah ujian praktek basa jawa SMP 5 Kepil



Katemtuan Ujian Praktek:
  1. Wacanen luwih dhisik tuladha  pawarta ing ngisor iki ! (saka pawarta 1 nganti 5)
  2. Pilihen 2 pawarta,  siji kang abasa ngoko lan siji kang abasa krama
  3. Wacanen pawarta kang wis kok pilih kasebut kanthi nggatekake lafal, ejaan ,intonasi lan ekspresi kang trep lan lancar sarta niru patrap kaya presenter TV/ penyiar

Pawarta 1
Maewu-ewu tiyang ingkang badhe ziarah lan haul dhateng pasareanipun Sunan Bonang sampun sami samapta ing Kitha, Tuban. Para peziarah kala wau rawuh saking saindhenging nuswantara. Prakawis punika ndadosaken maceting lalu lintas. Panggenan parkir ing Kelurahan Kebonsari, Kecamatan Kitha ing margi AKBP Suraka – Tuban boten sagah ngewrat cacahing kendharaan kasebat. Meh saben margi alit lan ageng ing kitha kasebat dipunkebaki kendharaan rombongan ingkang badhe ndherek haul.

Amargi padhetipun kendaraan kasebat, pramila arus kendharaan saking Semarang-Tuban macet total. Kangge ngawekani kemacetan kala wau, arus lali lintas ingkang badhe dhateng Tuban, saking arus pantura dipunpindhah dhateng arus selatan. Kendharaan saking Semarang ingkang badhe nglangkungi margi R.E Martadinata dipunpindhah mangidul dhateng margi Teuku Umar, salajengipun medal margi Dr. Wahidin Sudira Husada, lajeng dhateng Sleko mangetan dumugi arah Surabaya. Pramila saking punika ing margi Jendral sudirman boten wonten kendharaan ingkang nglangkungi ngrika, ingkang katingal naming para tiyang ingkang badhe haul lan ziarah (saka: Metro TV, kanthi kabesut saperlune)---Marsudi Basa lan Sastra Jawa 2, halm. 66)

Pawarta 2
Kepala Badan Meteorologi, Klimatologi dan Geofisika Banyuwangi Arif  Triyono nyuwun marang para nelayan ing wewengkon segara kidul supaya luwih ngati-ati lan waspada, amarga ing wektu iki ombak ing segara kidul dhuwur banget. Ing wulan-wulan iki ombak segara kidul dhuwur banget yen dibandhingake karo wulan-wulan sadurunge. Ombak iku dhuwure nganti 3,5 meter malah bisa uga luwih. Amarga ombake gedhe, mulane para nelayan milih libur ing ngomah tinimbang menyang laut. Iku kabeh kanggo njaga keslametane dhewe. Para nelayan yen arep menyang laut kudu waspada, ngenteni suruting ombak. (Kapethik saka: Metro TV, kanthi kabesut)---Marsudi Basal an Sastra Jawa halm. 103)


Pawarta 3
Assalamualaikum wr.wb
Para pamiyarsa sugeng pepanggihan kaliyan giyaran pawartos Basa Jawi lumantar Radhio Pusaka Mas. Kula pun(…………jenengmu……..) badhe ngaturaken  kedadosan-kedadosan ing tlatah Jawi Tengah ingkang nembe kemawon katampi dening para kadang redhaksi.
Para pamiyarsa, enjing kala wau, nalika taksih gagrag enjing ing tlatah Batang leresipun ing sacelakipun Alas Roban wonten truk ingkang nabrak bus. Kaduga sopir truk anggenipun nglampahaken truk ugal-ugalan. Mila nalika saking ngajeng wonten bus Safari jurusan Semarang – Jakarta ingkang mlampah banter kamangka truk badhe nglangkungi montor ngajengipun, tabrakan boten saged dipunendhani. Korban tilar cacah kalih, sopir,lan kenek truk. Dene ingkang nandhang tatu entheng wonten gangsal, sedaya ingkang sami numpak bus.
Mekaten para pamiyarsa pawartos ingkang saged kula aturaken. Sugeng pepanggihan benjing dinten Kemis ing pawartos sanesipun lumantar stasiun, adicara lan wekdal ingkang sami. Nuwun
Wassalamualaikum wr.wb (Marsudi Basa  lan Sastra Jawi 1, halm. 76)

Pawarta 4
Pamarentah Kabupaten Karanganyar liwat Dinas Pariwisata lan Kebudayaan (Disparbud), ngadani acara Pemilihan Top Model Batik Karanganyar 2010 mapan ing Pendhapa Rumah Dinas Bupati Karanganyar, dina Minggu (7/2/10). Acara sing lagi pisanan diadani kasebut kasil narik kawigatene atusan peserta. Panitya dhewe merang dadi telung golongan, yakuwi golongan A kanthi bocah umuran 5-7 taun, golongan B bocah saumuran 8-12 taun, lan golongan C kanggo bocah umur 13 taun munggah. Sanajan lagi pisanan iki diadani, nanging sing melu akeh, ndadekake acarane regeng banget. Saliyane kanggo ngrembakakake bakat lan potensine bocah-bocah Karanganyar ing bidhang modhel, acara iki uga minangka sarana kanggo ngenalake batik local marang warga bebrayan.(Solo Pos)


Pawarta 5
Kadang Tani mliginipun ing tanah Jawi, menawi badhe wiwit nanem wonten ing sabin tansah nindakaken Adicara metri Sawah utawi Wiwitan. Upacara menika minangka panyuwunan dhumateng Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, supados asiling tetanen ing mangkenipun saged kalis saking ama lan bebendhu.
Ing jaman modheren menika, mbokbilih sampun kathah warga ingkang mboten mangertosi ngengingi tradhisi menika. Pramila, masyarakat Tradhisi Bantul ingkang dipunsengkuyung dening Mahasiswa ISI Ngayogyakarta ngadani upacara wiwitan kang dipunrawuhi wakil Bupati Bantul, Sumarmo.
Upacara kawiwitan kanthi mendhet winih pantun saking satunggaling sabin kagunganipun warga ing Bulak Pangangkah, Sumberagung, Jetis, Bantul. Upacara wiwiwtan menika dipunlajengaken wonten ing Lapangan Sumberagung kanthi dhahar tumpeng lan sekul wiwitan. Sekul wiwitan dipunbungkus ron pisang, saksampunipun dipundongani, lajeng kabagi dhumateng lare-lare. Swasana regeng sanget awit sedaya warga sami rebatan sekul wiwitan ingkang dipunjangkepi sambel Gepeng. Kangge acara ruwatan sawah, saklajengipun ugi dipungelar ringgit kancil minangka jangkeping acara Merti Sawah. Kajawi menika, masyarakat ugi dipunlipur dening maneka warna seni lan pameran kerajinan (kangsura.blogspot.com)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar