GARA-GARA ‘KOYAH’
Kedadeyan iki wis sawetara suwe dumadi, udakara rong taun kepungkur, ananging yen ngepasi kelingan, tetep wae ora bisa ngampet guyu. Critane mangkene. Bulikku kang asma bulik Sri kagungan putra kang dhines ing TNI Angkatan Laut Surabaya, jenenge Azam. Amarga manggon ing Surabaya, ora aneh yen banjur entuk pacangan asli Surabaya. Cekaking crita kekarone banjur palakrama lan resepsine ana panggonane manten putri. Amarga papane adoh, mula ora kabeh sanak kadang bisa melu mrana, kalebu ibuku. Mula keluwarga bulikku akeh sing durung paham karo mantune bulikku iku.
Mbokmenawa sisan karo nepungake garwane, nalika riyaya ngepasi cuti pagaweyan, Azam ngajak garwane mau sowan marang keluwargane sing kapernah sepuh, kalebu ing daleme bapak ibuku kang pernahe pakdhe budhene. Sawise sauntara anggone tetepungan lan ngobrol, kekarone banjur pamit amarga perlu tata-tata arep budhal menyang Surabaya maneh. Ora kesupen ibuku maringi oleh-oleh arupa panganan kripik tempe lan pothil.
Wis dadi padatan ing saben riyaya dina kaping lima, keluwarga saka bapak ngadakake kumpulan kanggo ngraketake paseduluran. Yen bisa rawuh kabeh kawilang ana 200-an, amarga ing dina riyaya dadi bisa ketemu marang kabeh sedulur. Ibuku uga ketemu karo bulik Sri banjur padha ngendikan gayeng. Ing tengah-tengahing crita, bulik ngendika mangkene, “Wah, maturnuwun ya mbakyu, wingi kae kok ndadak repot-repot ngoleh-olehi ‘Koyah’.” Ibu kang ora rumangsa maringi ‘koyah’ sajak bingung, banjur mangsuli. “Ora ki, Dhik Sri. Dudu aku sing menehi ‘koyah’. (Koyah kang dikarepke ibu araning panganan kang digawe saka beras ketan, ana kang nyebut satu/satru). Bulikku ngendika maneh.” Lha wingi kae pas Azam sowan mbakyu kae lho!” Ibuku sansaya ora mudheng. “Lha iya, dhik..nanging dudu aku sing menehi koyah.”Saiki genti bulik sing rada bingung . Lha terus sapa yen dudu mbakyu, wong wingi kae mung sowan nang daleme mbakyu banjur padha langsung mulih.” Ibuku njelasake,”iya, dhik..tak oleh-olehi nanging dudu koyah, wong gur tak gawani pothil karo kripik ngono…”. Mireng wangsulane ibu sing pungkasan mau, bulikku dadi kemekelen, banjur ngendika,” Oalah mbakyu….mbakyu..dudu koyah panganan. Sing tak karepke mau Koyah bojone Azam..jenenge rak Ruqoyah Ambarwati.” Sanalika kabeh kang ana kono padha Geerrr sanalika mireng pacelathone ibu lan bulikku mau. Jebule, ibuku sanajan wis crita ngalor ngidul karo garwane Azam, kesupen ora mundhut pirsa sapa jenenge perunane kuwi..
.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar