Kamis, 30 April 2015



WULANG WANITA ING
SERAT WIWAHA AJI RESI PRANAWAKENYA

                Serat Wiwaha Aji Resi Pranawakenya kalebu salah sawijining naskah kang kasimpen ana ing Museum Sana Budaya Yogyakarta, kanthi nomer koleksi SK 39a. Naskah kang awujud tembang macapat iki, nduweni ukuran teks 29 x 16,3 cm.  Yen dibagi miturut pupuh (kumpulan baid tembang), ana 27 pupuh lan 527 baid.   Naskah iki kalebu narik kawigaten, amarga tulisan Jawane rapi, tumata lan uga akeh gambar-gambar nganggo potlot lan prada (werna kuning emas) kang durung mesthi ana ing naskah liyane. Kejaba gambar kang nerangake irah-irahan, ana gambar lambang 4 werna napsu manungsa, yaiku aluamah, amarah, supiyah lan mutmainah sarta gambar-gambar kanggo tandha ganti pupuh tembang.

                             
 Gambar napsu aluamah amarah supiyah mutmainah       Gambar keterangan irah-irahan /judul

Pangripta
Ing kaca 1, ana seratan ‘Anggitan Dalem ingkang Sinuhun Kanjeng Susuhunan Paku Buwana ingkang kaping IV’. Banjur ing pada 1 lan 2 pupuh kapisan sinebut yen Pakubuwana IV iku minangka raja agung ing Surakarta kang pinercaya  kalokane. Saka andharan ing dhuwur, durung bisa dimangerteni  yen Serat Aji Resi Pranawakenya iki pancen anggitane PB IV, amarga manut rasa pangrasa ing masyarakat Jawa, ora lumrah yen ngalem pribadhine dhewe.
Taun Panulisan
Taun anggone nyerat katulis ing pupuh XIII (Kinanthi) baid 19 : “Respati Pon ping salikur/ mukaram wukuning ringgit/ jimawal ing mangsa astha/ windu adi kang lumaris/ sangkalanira rinipta/ tata mulung ngesthi aji/
Saka pratelan iku, bisa dimangerteni yen naskah Serat Wiwaha Aji Resi Pranawakenya diserat ing dina Kemis Pon, tanggal 21 wulan Muharam, wuku Ringgit, taun Jimawal, mangsa astha (kawolu), ing taun 1805.
Basa kang tinulis
Senajan mawa basa Jawa anyar, akeh tembung-tembung ing naskah iki migunakake tembung serapan saka basa Arab, kayata: ‘bisemilah, koroan/kur’an, allah, istifar, dhikir lan liya-liyane. Mula, akeh tinemu aksara rekan ana ing serat iki, uga mratandhani yen naskah Serat Aji Pranawakenya iki kalebu naskah piwulang Islam.
Wulang wanita
            Saben  naskah tinggalane leluhur iku yen disinau kanthi permati bakal dimangerteni piwulang kang kaemot ing njerone. Semono uga ing serat Resi Pranawakenya iki, kalebu serat piwulang amarga isine kang ngemot piwulang werna-werna, saka piwulang tumrap pangarsa, dwija (guru), lan uga wulang wanita kaya  kang kacetha ing irah-irahan tulisan iki.  Kang bakal diandharake ing kene yaiku wulang wanita, tumrap wanita kang wis kagungan garwa. Piwulang kang kaemot, yaiku: 
1.       Nindakake catur warna, yaiku:
a.       Setya marang garwa
Wanita kang wis kagungan garwa kudu setya lahir tuwin batin sarta bisa nampa kepiye wae kahanane garwane. Aja nganti mangro tingal (tresna marang priya liya), sanajan luwih bagus sakabehane.
‘ ing tegese mantep temen nenggih, aywa kongsi darbe mangro tingal, ciptaa sawiji wae, nadyan garwanireku, picak jompo ywa pisan wani, mring kang karsaning priya, lan aja angrengkuh, lawan aja pisan-pisan darbe cipta marang priya ingkang sigit, sorna garwanira’
(pupuh I:15)
b.       Mituhu marang garwa
Wanita kudu bisa mituhu lan nindakake dhawuhe garwa kanthi ikhlas, yen dhawuh iku ora nerak aturan masyarakat lan agama.
‘saprentahe aja ngowahi, abot entheng nalar, ywa kewran ing kewuh, kang titi gemi ing karya, lamun buwang den terang marang laki, ing nalar away nunjang’ (pupuh I: 20)
c.       Ngedohi zina
‘ping telune ywa wani, sedheng lan bandrek jinah, kikip lan nyalingkuh, kang mantep temen ing priya’ (pupuh I: 16)
d.       Tansah mantep lahir batin
Garwa bisa dikerata basa sigaraning nyawa, kang ateges yen ana salah siji kang lara, sijine uga melu ngrasakake lara. Wanita kang wis duwe garwa kudu bisa mantep lan ora kuwatir marang garwane. Luwih apik bebarengan ngupadi supaya bale wismane bisa jejeg lahir lan batin.
‘ping pat sira ywa kuwatir, mengku prajaning priya’ (pupuh 1:16)
Kejaba nindakake 4 prakara kang kasebut ing catur werna iku, ing serat iki uga diwulangake kepiye carane supaya wanita bisa luwih ditresnani garwa kakunge, yaiku kudu bisa katon sumeh lan nengsemake, sabar lan tumindak becik marang sapa wae. Kanggo menehi tuladha para wanita kang ngabekti marang garwane, pangripta maringi tuladha paraga saka crita wayang.
1.       Dewi Citrawati kang setya marang garwane Prabu Arjunasasrabahu
Dewi Citrawati kang titisan saka Dewi Sri dipundhut garwa dening Prabu Arjunasasrabahu lan diboyong menyang Maespati. Rahwana kang tansah ngupadi titisan Dewi Sri banjur rekadaya supaya bisa nggarwa Dewi Citrawati. Sawise ngalahake Bambang Sumantri utusane Prabu Arjunasasrabahu, Rahwana nggawe pawarta yen sang prabu uga seda. Dewi Citrawati kang miring pawarta palsu iku banjur nedya pejah salira. Nanging banjur bisa diusadani dening garwane amarga durung tinakdir seda.
2.       Dewi Sinta kang setya marang Prabu Rama
Kaya Dewi Citrawati kang digandrungi Rahwana, Dewi Sinta uga kalebu salah sawijining putri kang dioyak-oyak Rahwana. Sawise kasil didhusta menyang Alengka (kratone Rahwana), Dewi Sinta direh-reh kanthi dipameri mas inten barleyan kang gumebyar. Ananging Sinta ora kapilut lan tansah setya marang garwane Prabu Rama.
3.       Wara Sumbadra kang setya marang Arjuna
Nalika nedya dirudapeksa dening Burisrawa, Dewi Wara Sumbadra puguh ora menehake kasuciane, kang njalari patine. Sanajan layone wis dilarung, ananging bisa diuripake maneh dening Raden Antasena, putrane Raden Werkudara (kangmase Arjuna).
            Sawise diandharake paraga wayang kang setya marang garwane, pangripta serat iki uga menehi tuladha paraga wayang kang ora mituhu marang kakunge, yaiku Banowati garwane Prabu Suyudana. Ananging, Banowati kabacut tresna marang Arjuna kang bagus iku.  Batinne mangro tingal marang Arjuna. Sawise perang Baratayuda lan Prabu Suyudana seda, Banowati banjur bisa dadi garwane Arjuna, ananging ora suwe. Tumindake Banowati njalari Kartamarma lan Aswatama nesu, banjur gawe cara patine Banowati. Pungkasane Dewi Banowati seda nalika sare,
            Ing perangan pungkasan piwulang wanita kang diandharake serat iki uga menehi kawruh marang garwa kakung bab kuwajiban kang kudu ditindakake minangka pangarsa keluwarga, yaiku:
1.       Nyukupi sakabehane kapreluan garwa (kaluwarga)
2.       Mulang wuruk bab kabecikan marang garwa estri
3.       Manunggal ing rasa lan pangrasa marang garwa estri
Saka andharan ing dhuwur, bisa digawe dudutan yen piwulang ing Serat Wiwaha Aji Resi Pranawakenya mligine bab wulang wanita iki pancen trep karo isining ajaran Islam. Garwa estri kudu setya lan mituhu dhateng garwa kakung sauger ora nalisir saka kautaman. Semono uga garwa kakung ora kena sawiyah-wiyah marang sing estri, amarga kalorone iku wis dadi siji. Yen ana salah siji sing ora nuhoni apa kang dadi kewajibane, bakal ora nemu katentreman lan kabagyan kaya ancas kang digadhang-gadhang.

                                                                (kapacak ing Majalah Djaka Lodang No. 47, 25/04/2015)